bagaimana cara membuat pawarta bhs jawa
B. Daerah
rizkiss66
Pertanyaan
bagaimana cara membuat pawarta bhs jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban Amydin
Pawarta tegese informasi anyar sing ditampilake / dicawiske ing pamacan / panulisan sing genah, apik, lan uga aktual.
Pawarta ngandung macem - macem unsur penting sing kudu ana neng njerone. Cara nggawe pawarta kudu ana beberapa hal sing digatekno, kudu ana unsur - unsur lan syarat - syarat neng njerone pawarta.
Unsur - unsur iku yaiku :
- OPO, yaiku pawarta kudu momot informasi ngenani apa sing lagi kedadean
- SOPO, yaiku pawarta kudu momot informasi ngenani sapa wae sing terlibat ing kedadean sing diwartakne
- NGOPO, yaiku pawarta kudu momot informasi ngenani alesan / latar buri kedadean sing diwartakne
- KAPAN, yaiku pawarta kudu momot informasi ngenani suk kapan kedadean sing diwartakne kedadean
- NENDI, yaiku pawarta kudu momot informasi babagan lokasi kedadean
- KEPIYE, yaiku pawarta kudu momot ngenani kepiye kedadean sing diwartakne iku bisa kedadean
Kajaba ngandung unsur - unsur neng dhuwur, pawarta uga duweni syarat - syarat tertentu sing kudu dipepaki sahinggo informasi prayoga karan dadi pawarta.
Syarat - syarat iku yaiku :
- Pawarta kudu ngrupakne fakta
- Pawarta kudu ngrupakne kedadean saiki (durung lawas kedadeane)
- Pawarta kudu seimbang (ora memihak)
- Pawarta kudu pepak (ngandung kabeh unsur pawarta)
- Pawarta kudu apik lan guna
- Pawarta kudu disusun karo sistematis / urut